Kamis, 11 November 2010

Ramalan Jayabaya

Ramalan Jayabaya adalah
ramalan dalam tradisi
Jawa yang dipercaya
ditulis oleh Jayabaya, raja
Kerajaan Kadiri. Ramalan
ini dikenal pada
khususnya di kalangan
masyarakat Jawa.
Maharaja Jayabaya adalah
raja Kadiri yang
memerintah sekitar tahun
1135-1157. Nama gelar
lengkapnya adalah Sri
Maharaja Sang Mapanji
Jayabhaya Sri Warmeswara
Madhusudana
Awataranindita
Suhtrisingha Parakrama
Uttunggadewa. Dia
menulis ramalan tentang
masa depan tanah Jawa.
Berikut ini adalah
ramalannya :
Besuk yen wis ana kreta
tanpa jaran — Kelak jika
sudah ada kereta tanpa
kuda.
Tanah Jawa kalungan
wesi — Pulau Jawa
berkalung besi.
Prahu mlaku ing dhuwur
awang-awang — Perahu
berlayar di ruang angkasa.
Kali ilang kedhunge —
Sungai kehilangan lubuk.
Pasar ilang kumandhang
— Pasar kehilangan suara.
Iku tandha yen tekane
jaman Jayabaya wis
cedhak — Itulah pertanda
zaman Jayabaya telah
mendekat.
Bumi saya suwe saya
mengkeret — Bumi
semakin lama semakin
mengerut.
Sekilan bumi dipajeki —
Sejengkal tanah dikenai
pajak.
Jaran doyan mangan
sambel — Kuda suka
makan sambal.
Wong wadon nganggo
pakeyan lanang — Orang
perempuan berpakaian
lelaki.
Iku tandhane yen wong
bakal nemoni wolak-
waliking jaman— Itu
pertanda orang akan
mengalami zaman
berbolak-balik
Akeh janji ora ditetepi
— Banyak janji tidak
ditepati.
Akeh wong wani
nglanggar sumpahe
dhewe— Banyak orang
berani melanggar sumpah
sendiri.
Manungsa padha seneng
nyalah— Orang-orang
saling lempar kesalahan.
Ora ngendahake hukum
Allah— Tak peduli akan
hukum Allah.
Barang jahat diangkat-
angkat— Yang jahat
dijunjung-junjung.
Barang suci dibenci—
Yang suci (justru) dibenci.
Akeh manungsa mung
ngutamakke dhuwit—
Banyak orang hanya
mementingkan uang.
Lali kamanungsan—
Lupa jati kemanusiaan.
Lali kabecikan— Lupa
hikmah kebaikan.
Lali sanak lali kadang—
Lupa sanak lupa saudara.
Akeh bapa lali anak—
Banyak ayah lupa anak.
Akeh anak wani nglawan
ibu— Banyak anak berani
melawan ibu.
Nantang bapa—
Menantang ayah.
Sedulur padha cidra—
Saudara dan saudara
saling khianat.
Kulawarga padha curiga
— Keluarga saling curiga.
Kanca dadi mungsuh —
Kawan menjadi lawan.
Akeh manungsa lali
asale — Banyak orang
lupa asal-usul.
Ukuman Ratu ora adil —
Hukuman Raja tidak adil
Akeh pangkat sing jahat
lan ganjil— Banyak
pejabat jahat dan ganjil
Akeh kelakuan sing
ganjil — Banyak ulah-
tabiat ganjil
Wong apik-apik padha
kapencil — Orang yang
baik justru tersisih.
Akeh wong nyambut
gawe apik-apik padha
krasa isin — Banyak orang
kerja halal justru malu.
Luwih utama ngapusi —
Lebih mengutamakan
menipu.
Wegah nyambut gawe —
Malas menunaikan kerja.
Kepingin urip mewah —
Inginnya hidup mewah.
Ngumbar nafsu angkara
murka, nggedhekake
duraka — Melepas nafsu
angkara murka, memupuk
durhaka.
Wong bener thenger-
thenger — Si benar
termangu-mangu.
Wong salah bungah — Si
salah gembira ria.
Wong apik ditampik-
tampik— Si baik ditolak
ditampik.
Wong jahat munggah
pangkat— Si jahat naik
pangkat.
Wong agung kasinggung
— Yang mulia dilecehkan
Wong ala kapuja— Yang
jahat dipuji-puji.
Wong wadon ilang
kawirangane—
perempuan hilang malu.
Wong lanang ilang
kaprawirane— Laki-laki
hilang perwira/kejantanan
Akeh wong lanang ora
duwe bojo— Banyak laki-
laki tak mau beristri.
Akeh wong wadon ora
setya marang bojone—
Banyak perempuan ingkar
pada suami.
Akeh ibu padha ngedol
anake— Banyak ibu
menjual anak.
Akeh wong wadon
ngedol awake— Banyak
perempuan menjual diri.
Akeh wong ijol bebojo—
Banyak orang tukar
pasangan.
Wong wadon nunggang
jaran— Perempuan
menunggang kuda.
Wong lanang linggih
plangki— Laki-laki naik
tandu.
Randha seuang loro—
Dua janda harga seuang
(Red.: seuang = 8,5 sen).
Prawan seaga lima—
Lima perawan lima picis.
Dhudha pincang laku
sembilan uang— Duda
pincang laku sembilan
uang.
Akeh wong ngedol
ngelmu— Banyak orang
berdagang ilmu.
Akeh wong ngaku-aku—
Banyak orang mengaku
diri.
Njabane putih njerone
dhadhu— Di luar putih di
dalam jingga.
Ngakune suci, nanging
sucine palsu— Mengaku
suci, tapi palsu belaka.
Akeh bujuk akeh lojo—
Banyak tipu banyak
muslihat.
Akeh udan salah mangsa
— Banyak hujan salah
musim.
Akeh prawan tuwa—
Banyak perawan tua.
Akeh randha nglairake
anak— Banyak janda
melahirkan bayi.
Akeh jabang bayi lahir
nggoleki bapakne—
Banyak anak lahir mencari
bapaknya.
Agama akeh sing
nantang— Agama banyak
ditentang.
Prikamanungsan saya
ilang— Perikemanusiaan
semakin hilang.
Omah suci dibenci—
Rumah suci dijauhi.
Omah ala saya dipuja—
Rumah maksiat makin
dipuja.
Wong wadon lacur ing
ngendi-endi— Di mana-
mana perempuan lacur
Akeh laknat— Banyak
kutukan
Akeh pengkianat—
Banyak pengkhianat.
Anak mangan bapak—
Anak makan bapak.
Sedulur mangan sedulur
—Saudara makan saudara.
Kanca dadi mungsuh—
Kawan menjadi lawan.
Guru disatru—Guru
dimusuhi.
Tangga padha curiga—
Tetangga saling curiga.
Kana-kene saya angkara
murka — Angkara murka
semakin menjadi-jadi.
Sing weruh kebubuhan—
Barangsiapa tahu terkena
beban.
Sing ora weruh ketutuh
—Sedang yang tak tahu
disalahkan.
Besuk yen ana
peperangan—Kelak jika
terjadi perang.
Teka saka wetan, kulon,
kidul lan lor—Datang dari
timur, barat, selatan, dan
utara.
Akeh wong becik saya
sengsara— Banyak orang
baik makin sengsara.
Wong jahat saya seneng
— Sedang yang jahat
makin bahagia.
Wektu iku akeh
dhandhang diunekake
kuntul— Ketika itu
burung gagak dibilang
bangau.
Wong salah dianggep
bener—Orang salah
dipandang benar.
Pengkhianat nikmat—
Pengkhianat nikmat.
Durjana saya sempurna
— Durjana semakin
sempurna.
Wong jahat munggah
pangkat— Orang jahat
naik pangkat.
Wong lugu kebelenggu—
Orang yang lugu
dibelenggu.
Wong mulya dikunjara—
Orang yang mulia
dipenjara.
Sing curang garang—
Yang curang berkuasa.
Sing jujur kojur— Yang
jujur sengsara.
Pedagang akeh sing
keplarang— Pedagang
banyak yang tenggelam.
Wong main akeh sing
ndadi—Penjudi banyak
merajalela.
Akeh barang haram—
Banyak barang haram.
Akeh anak haram—
Banyak anak haram.
Wong wadon nglamar
wong lanang—Perempuan
melamar laki-laki.
Wong lanang ngasorake
drajate dhewe—Laki-laki
memperhina derajat
sendiri.
Akeh barang-barang
mlebu luang—Banyak
barang terbuang-buang.
Akeh wong kaliren lan
wuda—Banyak orang
lapar dan telanjang.
Wong tuku ngglenik sing
dodol—Pembeli
membujuk penjual.
Sing dodol akal okol—Si
penjual bermain siasat.
Wong golek pangan kaya
gabah diinteri—Mencari
rizki ibarat gabah ditampi.
Sing kebat kliwat—Siapa
tangkas lepas.
Sing telah sambat—Siapa
terlanjur menggerutu.
Sing gedhe kesasar—Si
besar tersasar.
Sing cilik kepleset—Si
kecil terpeleset.
Sing anggak ketunggak—
Si congkak terbentur.
Sing wedi mati—Si takut
mati.
Sing nekat mbrekat—Si
nekat mendapat berkat.
Sing jerih ketindhih—Si
hati kecil tertindih
Sing ngawur makmur—
Yang ngawur makmur
Sing ngati-ati ngrintih—
Yang berhati-hati
merintih.
Sing ngedan keduman—
Yang main gila menerima
bagian.
Sing waras nggagas—Yang
sehat pikiran berpikir.
Wong tani ditaleni—Si
tani diikat.
Wong dora ura-ura—Si
bohong menyanyi-nyanyi
Ratu ora netepi janji,
musna panguwasane—
Raja ingkar janji, hilang
wibawanya.
Bupati dadi rakyat—
Pegawai tinggi menjadi
rakyat.
Wong cilik dadi priyayi—
Rakyat kecil jadi priyayi.
Sing mendele dadi gedhe
—Yang curang jadi besar.
Sing jujur kojur—Yang
jujur celaka.
Akeh omah ing ndhuwur
jaran—Banyak rumah di
punggung kuda.
Wong mangan wong—
Orang makan sesamanya.
Anak lali bapak—Anak
lupa bapa.
Wong tuwa lali tuwane—
Orang tua lupa ketuaan
mereka.
Pedagang adol barang
saya laris—Jualan
pedagang semakin laris.
Bandhane saya ludhes—
Namun harta mereka
makin habis.
Akeh wong mati kaliren
ing sisihe pangan—Banyak
orang mati lapar di
samping makanan.
Akeh wong nyekel bandha
nanging uripe sangsara—
Banyak orang berharta
tapi hidup sengsara.
Sing edan bisa dandan—
Yang gila bisa bersolek.
Sing bengkong bisa
nggalang gedhong—Si
bengkok membangun
mahligai.
Wong waras lan adil uripe
nggrantes lan kepencil—
Yang waras dan adil hidup
merana dan tersisih.
Ana peperangan ing njero
—Terjadi perang di dalam.
Timbul amarga para
pangkat akeh sing padha
salah paham—Terjadi
karena para pembesar
banyak salah faham.
Durjana saya ngambra-
ambra—Kejahatan makin
merajalela.
Penjahat saya tambah—
Penjahat makin banyak.
Wong apik saya sengsara
—Yang baik makin
sengsara.
Akeh wong mati jalaran
saka peperangan—Banyak
orang mati karena perang.
Kebingungan lan
kobongan—Karena
bingung dan kebakaran.
Wong bener saya thenger-
thenger—Si benar makin
tertegun.
Wong salah saya bungah-
bungah—Si salah makin
sorak sorai.
Akeh bandha musna ora
karuan lungane—Akeh
pangkat lan drajat pada
minggat ora karuan
sababe Banyak harta
hilang entah ke mana,
Banyak pangkat dan
derajat lenyap entah
mengapa.
Akeh barang-barang
haram, akeh bocah haram
—Banyak barang haram,
banyak anak haram.
Bejane sing lali, bejane
sing eling—Beruntunglah
si lupa, beruntunglah si
sadar.
Nanging sauntung-
untunge sing lali—Tapi
betapapun beruntung si
lupa.
Isih untung sing waspada
—Masih lebih beruntung
si waspada.
Angkara murka saya ndadi
—Angkara murka semakin
menjadi.
Kana-kene saya bingung—
Di sana-sini makin
bingung.
Pedagang akeh alangane
—Pedagang banyak
rintangan.
Akeh buruh nantang
juragan—Banyak buruh
melawan majikan.
Juragan dadi umpan—
Majikan menjadi umpan.
Sing suwarane seru oleh
pengaruh—Yang bersuara
tinggi mendapat
pengaruh.
Wong pinter diingar-ingar
—Si pandai direcoki.
Wong ala diuja—Si jahat
dimanjakan.
Wong ngerti mangan ati—
Orang yang mengerti
makan hati.
Bandha dadi memala—
Hartabenda menjadi
penyakit
Pangkat dadi pemikat—
Pangkat menjadi
pemukau.
Sing sawenang-wenang
rumangsa menang —
Yang sewenang-wenang
merasa menang
Sing ngalah rumangsa
kabeh salah—Yang
mengalah merasa serba
salah.
Ana Bupati saka wong
sing asor imane—Ada raja
berasal orang beriman
rendah.
Patihe kepala judhi—
Maha menterinya benggol
judi
Wong sing atine suci
dibenci—Yang berhati suci
dibenci
Wong sing jahat lan pinter
jilat saya derajat—Yang
jahat dan pandai menjilat
makin kuasa.
Pemerasan saya ndadra—
Pemerasan merajalela.
Maling lungguh wetenge
mblenduk — Pencuri
duduk berperut gendut.
Pitik angrem saduwure
pikulan—Ayam mengeram
di atas pikulan.
Maling wani nantang sing
duwe omah—Pencuri
menantang si empunya
rumah.
Begal pada ndhugal—
Penyamun semakin
kurang ajar.
Rampok padha keplok-
keplok—Perampok semua
bersorak-sorai.
Wong momong mitenah
sing diemong—Si
pengasuh memfitnah yang
diasuh
Wong jaga nyolong sing
dijaga—Si penjaga
mencuri yang dijaga.
Wong njamin njaluk
dijamin—Si penjamin
minta dijamin.
Akeh wong mendem
donga—Banyak orang
mabuk doa.
Kana-kene rebutan unggul
— Di mana-mana berebut
menang.
Angkara murka ngombro-
ombro—Angkara murka
menjadi-jadi.
Agama ditantang—Agama
ditantang.
Akeh wong angkara
murka—Banyak orang
angkara murka.
Nggedhekake duraka—
Membesar-besarkan
durhaka.
Ukum agama dilanggar—
Hukum agama dilanggar.
Prikamanungsan di-iles-
iles—Perikemanusiaan
diinjak-injak.
Kasusilan ditinggal—Tata
susila diabaikan
Akeh wong edan, jahat
lan kelangan akal budi—
Banyak orang gila, jahat
dan hilang akal budi.
Wong cilik akeh sing
kepencil—Rakyat kecil
banyak tersingkir.
Amarga dadi korbane si
jahat sing jajil—Karena
menjadi kurban si jahat si
laknat.
Banjur ana Ratu duwe
pengaruh lan duwe
prajurit—Lalu datang Raja
berpengaruh dan
berprajurit.
Lan duwe prajurit—Dan
punya prajurit.
Negarane ambane
saprawolon—Lebar negeri
seperdelapan dunia.
Tukang mangan suap saya
ndadra—Pemakan suap
semakin merajalela.
Wong jahat ditampa—
Orang jahat diterima.
Wong suci dibenci—Orang
suci dibenci.
Timah dianggep perak—
Timah dianggap perak.
Emas diarani tembaga—
Emas dibilang tembaga
Dandang dikandakake
kuntul—Gagak disebut
bangau.
Wong dosa sentosa—
Orang berdosa sentosa.
Wong cilik disalahake—
Rakyat jelata
dipersalahkan.
Wong nganggur
kesungkur—Si penganggur
tersungkur.
Wong sregep krungkep—
Si tekun terjerembab.
Wong nyengit kesengit—
Orang busuk hati dibenci.
Buruh mangluh—Buruh
menangis.
Wong sugih krasa wedi—
Orang kaya ketakutan.
Wong wedi dadi priyayi—
Orang takut jadi priyayi.
Senenge wong jahat—
Berbahagialah si jahat.
Susahe wong cilik—
Bersusahlah rakyat kecil.
Akeh wong dakwa
dinakwa—Banyak orang
saling tuduh.
Tindake manungsa saya
kuciwa—Ulah manusia
semakin tercela.
Ratu karo Ratu pada
rembugan negara endi
sing dipilih lan disenengi
—Para raja berunding
negeri mana yang dipilih
dan disukai.
Wong Jawa kari separo—
Orang Jawa tinggal separo.
Landa-Cina kari sejodho
— Belanda-Cina tinggal
sepasang.
Akeh wong ijir, akeh wong
cethil—Banyak orang
kikir, banyak orang bakhil.
Sing eman ora keduman—
Si hemat tidak mendapat
bagian.
Sing keduman ora eman—
Yang mendapat bagian
tidak berhemat.
Akeh wong mbambung—
Banyak orang berulah
dungu.
Akeh wong limbung—
Banyak orang limbung.
Selot-selote mbesuk
wolak-waliking jaman teka
— Lambat-laun datanglah
kelak terbaliknya zaman.
sumber : misteri dunia

0 komentar:

Posting Komentar

Silakan berkomentar dengan sopan

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | cheap international calls